Nandhang Brangta
NANDHANG BRANGTA
Sadawaning Malioboro, kaya-kaya mlaku tanpa nyawa
Ing sangandhap soroting wulan ndhadhari
Sineksi lelakon iki
Wewayangmu tan sumingkir
Senadyan wengi sansaya lingsir
Gandrung wuyung
Gumleyang kapang katerak angin
Tansah sumedhot rasa ing batin
Sarira kadhung tresna
Mbukak sajembare kori ati
Nanging slirane hamung reka-reka
Ngumbar guyon, daktampa kejeron
Anggonku nandhang brangta
Nembang tangis sansaya deres
Welas tanpa wates
Langgeng, nadyan tanpa wales
Ngayogyakarta, 15 Juni 2022
Dening Anik Susanti
Komentar
Posting Komentar