TRESNAKU LUGU, HAMUNG NYEBUT JENENGMU
Tresnaku Lugu, Hamung Nyebut Jenengmu
Dhuh arum dalu sinebar wangi
Ing lingsir wengi
Ngelingake marang asma kang nyawiji
Panjawabe wingi bakal tuhu mring janji
Dakenteni, dakenteni ...
Guritmu tansah njiret ati
Nggebyur tutur
Tan bisa dakwangsuli
Aku hamung nyebut jenengmu
Tresna, ora patut sulaya
Nadyan kebak godha, nadyan mili tangis
Ngindhit abote kapang kang ora uwis-uwis
Dadya marga gung asmara
Salawase sih sesandhingan
Yogyakarta, 26 3 22
Komentar
Posting Komentar