KIDUNG JEMUAH KLIWON
KIDUNG JEMUAH KLIWON
Kalipur tembangmu, Nyai
Sadawaning wengi tangis
Tekamu lir ganda wangi
Ngancani nglarung kangenku hangridhu
Ratmaya maes janji, banjur cidra
Sukmaku kajiret lara branta
Tansah memala; tanpa turu tanpa kanca
Ilang hawa lan pepadhang
Peteng dhedhet, wuta dalan
Aku kapengin mulih
Nanging pedhut asmara ora gelem ngalih
Rasaku kranjingan
Kasirep endahing kasmaran
Sakabeh pituture dakgugu
Apa panjaluke, tekad praya dakmituhu
Mulat dahana jaluk jiwa raga
Kang tumbal awakku kobong dadi awu
Kanggo katresnanku
DEMANGAN BARU, 4 11 21
Komentar
Posting Komentar