ENDAHING TAWANG

ENDAHING TAWANG
Dakanggit gurit
Kanggo endahing tawang
Mega kaya tledhange slendhang
Ngawe-awe kenya kang lara kapang

Langit sansaya abang
Baskara wiwit angslup
Sore tumujuing surup
Lintang-lintang kadya murup
Rahina kang gumanti dalu
Gawe kelingan marang sliramu

Klebating wewayangmu wira-wiri
Tan kersa minggir
Senadyan wengi sansaya lingsir

Nganti padhang sumilake bangwetan
Netra ora bisa turu
Sing daktresna katon mbeda ing pandulu
Rasa kang tuwuh sansaya bakuh kukuh
Mugi Gusti paring pangestu
Dhuh kusumaning ati
Mangertia aku setya ngenteni

Ngayogyakarta, 5 10 22

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nandhang Brangta

AJA NINGGAL AKU

TRESNAKU LUGU, HAMUNG NYEBUT JENENGMU