Biyung, Rungakna Tangisku

Biyung, Rungakna Tangisku

Ati dadi kawah candradimuka
Jiwa daksilemake sakjero-jerone
Dhuh larane

Geni kang mulat
Ngobong sejatine sing kudu dirumat
Aku kwalat
Ngindhit tansaya ora kuat

Biyung, rungakna tangisku
Kabeh iki uga luputku
Kang ora mituhu marang dhawuhmu

Tresna sing sinembat
Hamemala tanpa kendhat
Biyung, anakmu kepengin sambat

Yog, 22 12 21

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nandhang Brangta

AJA NINGGAL AKU

TRESNAKU LUGU, HAMUNG NYEBUT JENENGMU