Tresnaku Lugu, Hamung Nyebut Jenengmu Dhuh arum dalu sinebar wangi Ing lingsir wengi Ngelingake marang asma kang nyawiji Panjawabe wingi bakal tuhu mring janji Dakenteni, dakenteni ... Guritmu tansah njiret ati Nggebyur tutur Tan bisa dakwangsuli Aku hamung nyebut jenengmu Tresna, ora patut sulaya Nadyan kebak godha, nadyan mili tangis Ngindhit abote kapang kang ora uwis-uwis Dadya marga gung asmara Salawase sih sesandhingan Yogyakarta, 26 3 22
Komentar
Posting Komentar