Postingan

TRESNAKU LUGU, HAMUNG NYEBUT JENENGMU

Gambar
Tresnaku Lugu, Hamung Nyebut Jenengmu Dhuh arum dalu sinebar wangi Ing lingsir wengi Ngelingake marang asma kang nyawiji Panjawabe wingi bakal tuhu mring janji Dakenteni, dakenteni ... Guritmu tansah njiret ati Nggebyur tutur Tan bisa dakwangsuli Aku hamung nyebut jenengmu Tresna, ora patut sulaya Nadyan kebak godha, nadyan mili tangis Ngindhit abote kapang kang ora uwis-uwis Dadya marga gung asmara Salawase sih sesandhingan  Yogyakarta, 26 3 22

KIDUNG JEMUAH KLIWON

KIDUNG JEMUAH KLIWON Kalipur tembangmu, Nyai Sadawaning wengi tangis Tekamu lir ganda wangi Ngancani nglarung kangenku hangridhu Ratmaya maes janji, banjur cidra Sukmaku kajiret lara branta Tansah memala; tanpa turu tanpa kanca Ilang hawa lan pepadhang Peteng dhedhet, wuta dalan Aku kapengin mulih Nanging pedhut asmara ora gelem ngalih Rasaku kranjingan Kasirep endahing kasmaran Sakabeh pituture dakgugu Apa panjaluke, tekad praya dakmituhu Mulat dahana jaluk jiwa raga Kang tumbal awakku kobong dadi awu Kanggo katresnanku DEMANGAN BARU, 4 11 21 Dening Anik Susanti

AJA NINGGAL AKU

Biyung, Rungakna Tangisku

Gambar
Biyung, Rungakna Tangisku Ati dadi kawah candradimuka Jiwa daksilemake sakjero-jerone Dhuh larane Geni kang mulat Ngobong sejatine sing kudu dirumat Aku kwalat Ngindhit tansaya ora kuat Biyung, rungakna tangisku Kabeh iki uga luputku Kang ora mituhu marang dhawuhmu Tresna sing sinembat Hamemala tanpa kendhat Biyung, anakmu kepengin sambat Yog, 22 12 21

ENDAHING TAWANG

Gambar
ENDAHING TAWANG Dakanggit gurit Kanggo endahing tawang Mega kaya tledhange slendhang Ngawe-awe kenya kang lara kapang Langit sansaya abang Baskara wiwit angslup Sore tumujuing surup Lintang-lintang kadya murup Rahina kang gumanti dalu Gawe kelingan marang sliramu Klebating wewayangmu wira-wiri Tan kersa minggir Senadyan wengi sansaya lingsir Nganti padhang sumilake bangwetan Netra ora bisa turu Sing daktresna katon mbeda ing pandulu Rasa kang tuwuh sansaya bakuh kukuh Mugi Gusti paring pangestu Dhuh kusumaning ati Mangertia aku setya ngenteni Ngayogyakarta, 5 10 22

AJA NINGGAL AKU

Gambar
AJA NINGGAL AKU Deresing udan wayah dalu Kadya santere banyu mili ing netraku Sajroning manah tansah kepanah Tan bisa inggat, hamung bisa dakrumat Dhuh, Kakang Abimanyu! Aja ninggal aku Senadyan tresna dadi dhuhkita Pait getir aku lila nerima Sasangkan paran, daktututi laku nira Nganti pegating nyawa DEMANGAN BARU, 4 11 21